SEMAR : " Jajal mungkuro,ing nggegermu ana tulisan mantra caraka balik,sing unine nga tha ba ga ma,nya ya ja dha pa,la wa sa ta da,ka ra ca na ha.. ".
BHATARA KALA : " Menika ngemu teges ingkang pripun..? "
SEMAR : " Ora kena ditegesi lha kewalik ngono..,sing bener ,ha na ca ra ka,da ta sa wa la,pa dha ja ya nya,ma ga ba tha nga..".
BHATARA KALA : " Lajeng menika dospundi werdinipun ...? "
SEMAR : " Ngene bhatara kala, HA NA CA RA KA tegese ana utusan. Sapa sing ngutus lan sapa ding diutus..? Sing ngutus Gusti kang maha urip,sing diutus sakabehe titah manungsa,supaya nidakake kewajibane urip manut marang kodrate nalika urip. DA TA SA WA LA tegese datan bisa swala. Werdine manungsa ora bisa swala marang apa kang wis digarisake dening Gusti kang maha urip.. yen durung wancine mati bebasan sewu lara mlumpuk dadi siji,ora bakal kena ing pati,kosokbaline yen wis tekan wancine mati,bebasan ndelik ana leng semut bakal nemoni tekane pati. PA DHA JA YA NYA tegese padha digdayane, werdine kabeh manungsa kui padha kanggonan nafsu patang prekara,kang arane sufiah,amarah,aluamah lan muthmainah. Becike,manungsa iku kudu bisa ngatur karepe nafsu,ora malah diumbar.. nafsu kudu dikendaline.. kudu bisa milah lan milih kanggo kabecikane,merga sing aran nafsu kuwi ora bakal bisa sirna yen ora bareng sirna karo sing nyandang.. kang pungkasan MA GA BA THA NGA,tegese MA kuwi sukma,GA kuwi raga,BHA TA NGA kuwi tegese bathang. Werdine raga kuwi yen wis koncatan sukma dadi bathang ( mati ). Kabeh bali marang asale,yaiku pungkasane urip,bali marang kang maha urip,bali marang asal muasale,bali marang sangkan parane ".
BHATARA KALA : " Owh mekaten werdinipun.."
SEMAR : " Hiyaa.. ,mula sira diarani bhatara kala,ya sang kala. KALA tegese wanci ( wektu ). Gaweanmu mung nguyak lan giri goda marang manungsa.. satemene iku mengku paweling,supaya manungsa urip iku tansah eling kewajibane marang sing maha urip,bisa migunaake wektune sabecik-becike.. tansah eling marang sangkan parane rip,eling asale seka ngendi,saiki ana ngendi,bakal bali menyang ngendi lan apa ta sangune bali..?!
Rahayu..Kalis nir ing Sambikolo.....nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar