PAHAMI "KRENTEK ATI MESTI DUMADI"
------------------------------------------------------------
(Walaupun ini sangat sulit dipahami bagi yang belum paham, tapi mudah dipahami bagi yang sudah terbuka pemahamannya, karena pemahaman ini awal kita memahami kalimat SASAHIDAN "Kang Asmone Gusti iku Rogo Ningsun"
=================================
Ketika kita berkehendak/krentek ati mau ngopi > dumadine Atmo (Chayu, Kayyun, Hayyu, , Panguripan) Memberikan perintah kepada Jasad > Sehingga Jasad Bergerak Mengambil Segelas Kopi > Lalu "Dumadine Krentek Ati" > "Ketika kita Sudah Minum Kopi"
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa, dibasakake Dzat mutlak kadim azali abadi, tegese asifat sawiji, kang amasti dingin dewe nalika isih
awang uwung salawase ing kahanan kita, iya iku jumeneng pribadi, ana sajroning nukat gaib kang keluwih langgeng, ing kono amedarake kudrat iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma afngal kabeh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji :
1. Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
3. Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
6. Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
7. Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
Denen Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan kabeh, sumarambah saka ing wiwitan tumeka ing wekasan, mungguh wewijangane kaya ing ngisor
iki.
1. Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing netra, wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing netra kita.
2. Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing grana kita.
3. Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan kita.
4. Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing karna kita.
5. Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem ing ati kita.
6. Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih, wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene, iya iku afngaling Dzat angagem ing saulah kita, saestu ora beda ing nalika amratandani agngal sajroning alam, banjur bisa amolahake srengenge
rembulan angin sapanunggalane, saisen-isening alam kabeh , pada dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasebut ing ngisor iki :
a. Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
b. Kayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
c. Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
d. Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
e. Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
f. Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
g. Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad.
Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi,
budi kawisesa dening napsu,
napsu kawisesa dening suksma,
suksma kawisesa dening rahsa,
rahsa kawisesa dening cahya,
cahya kaiwisesa dening urip,
urip kapurba Dzat,
Mulane wahananing urip iku tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sajati,
aja uwas sumelang ing galih.
BANYAK ORANG BERKOMENTAR KENAPA AJARAN KITAB KEDJAWEN DICAMPUR ADUK DENGAN SERAT WALISANA
KARENA SEJATINYA WALISANA LAH YANG MAMPU MEMEDARKAN SECARA DETAIL AJARAN KITAB AGOMO KEDJAWEN, KITAB LAYANG PRANOTO, YO KITAB LAYANG DJOYOBOYO.